Kamis, 29 Agustus 2013

eling eling oleh al munsyidin pekalongan



Ling-eling siro manungso
Temenono anggonmu ngaji
Mumpung durung den rawuhi
Malaikat juru pati


*) Lailahaillallah
Almalikul haqqul mubin
Muhammadurrosulullah
Shodiqul wa'dil amin


Luwih loro luwih susah
Rasane wong neng neroko
Klabang kores kolojengking
Klabang geni ulo geni
Rante geni gada geni
Cawisane wongkang duroko
Gumampang dawuh pangeran
Dasar tan manut parentah tuan


*) Lailahaillallah...

Luwih mulyo luwih mukti
Rasane wong neng suwargo
Pitung puluh widodari
Kasur babut den cawisi
Cawisane wongkang bekti
Dawuh pengeran kang moho suci
Mukmin lanang mukmin wadon
mukmin iku sedherek kula


*) Lailahaillallah...

Agami Islam Agami Kula
Kitab Qur'an panutan kula
mukmin lanang mukmin wadon
mukmin iku sedherek kula


*) Allahumma Sholli 'ala
Muhammad Syafi'il Anam
Wa alihi wa shohbihi
Wasallim 'ala dawaam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar